08/04/2014
SOSIALISASI KPU :Ojo lali wayah-e nyoblos, sing durung tau nyoblos iki lho cara2ne, genora kliru ny0blose
1. Sak durung budal nang TPS adus disik, gen ketok mbois, sarapan disik lek perlu sungkem nang wong tuwo, ora usah kokehan koyok budal kaji ae .
2. Teko TPS antri disik ora usah uyel2an koyok antri zakat, lunggoh sing apik, sing lanang lunggoh biasa ae rausah metingkrang, kokkiro warung tow ? Sing wedok lunggoh biasa ae orausah mekokok opo maneh petan nang kono.
3. Tukerno surat pemberitahuan sing teko RT diijolno karo surat suara, ojo kliru nggowo surat yo, engko surat gaden ko' gowo.
4. Lek west oleh surat suara ndang mlebuo nang bilik/kamar g*e nyoblos, buka'en dhisik surate engko pas kliru petugase ngekei surat nikah nang awakmu mosok rak tambah galau lek sing jomblo opo sing kenek PHP, buka surate coblosen sak karepmu, lek nyoblos orausah mendesah koyok opo aeee.
5. Lek mari nyoblos lempiten koyok asale ojo ko' untel2 lha ko' kiro gombal ye?, ndang lebokno nang kotak suara, mlakumu biasa ae orausah koyok artis papan atas opo maneh mlakue rodo lemes koyok mari nyapo ae....
6. Lek west mari, celupno salah siji drijimu nang tinta sing west disediano petugase, driji ae, ojo liyane sing dicelupno opo maneh dig*e raup.
7. Mari ngono ndang mulih west ora usah bengok2 "aku mari nyobloosss.....!!! ohhh, yeesss!!!"... gak usah poto2an koyok bocah alay utowo selpi.
8. Tekan omah sujud syukur...syukur ikimeng moco setatuse wong Gelang SEKIAN- matursuwun