30/05/2026
Leren Sek "Senja" Nang Pegunungan Rek !🌄
Leren sek rek...
Urip iki kadang nggawe awak kroso kesel. Esuk budhal golek rezeki, awan nguber target, bengi mikir masa depan. Nanging sak kuat-kuate awak mlaku, ati yo butuh wektu kanggo ngaso.
Nang kene, pas ndelok senjo alon-alon mudun nang balik pegunungan, aku dadi eling. Ora kabeh perkara kudu cepet rampung. Ora kabeh impian kudu langsung tekan. Sing penting, tetep mlaku lan ora nyerah.
Senjo iki ngajari yen saben perjalanan nduwe waktune dewe-dewe. Kaya srengenge sing pamit tanpa geger, nanging mesthi bali meneh nggowo cahyo anyar.
Mugo-mugo video iki iso dadi panggonan ngaso sedelok kanggo kowe sing lagi kesel, lagi berjuang, utawa mung pengen nikmati ayeme alam.
💚 Yen seneng konten alam, suasana pedesaan, perjalanan, lan cerita sederhana sing cedhak karo urip saben dina, monggo follow lan dukung halaman iki. Isih akeh pemandangan apik lan cerita liyane sing bakal tak bagi.
📍Tag koncomu sing butuh "leren sek" dina iki.