22/03/2019
Toko Bothok Angkring namanya.
Adalah sebuah warung ndesa masakan ndesa dengan sepesial menu bothok. Ada macam-macam bothok disajiken di sini. Bothok mlandhing, bothok teri, bothok urang, bothok jamur, bothok tawon(tergantung pasokan), bothok kelor, lan liya-liyane.
Selain bothok juga disajiken jangan ndesa. Ada mbang gedhang, kelor, gori, lompong dll dengan jadwal harian. Setiap hari beda menu jangan ndesa yg disajiken. Dina selasa menu utama jangan gori, dina rebo jangan kelor, dina kemis jangan mbang gedhang, dina jumuwah jangan mbayung, dina setu jangan lompong, dina minggu gudhangan pecelan. Kuwi biasane tetep ana jangan tambahane kayata brongkos mangut iwak asep dll. Lha senin kok ora ana janganan? senin libur, juragane butuh ngeluk boyok, dab...
Inuman ndesa juga tak kurang segerr anget seperti wedang pakel, wedang kunir, wedang tape, wedang telang dll. Ameh njaluk panas utawa esss kabeh cemepak. Sing wedang kunir wiwitan aku nyuba neng warung jamure kyai Jito Reborn. Saiki neng warung toko bothok angkring digawe persis. segerrrr tur ngilangke mumet. Mumet sakjane ilang ki merga wareg apa merga wedang kunir aku ora ngerti.
Sing nggawe tambah sedhepp kuwi mau bahan nggo wedang nandur dw, ana tanduran telang, kelor, sereh neng pekarangan warung. Aku ya nate sowan nang ndaleme juragan Yoja Yogurt akeh tanduran kelor neng pekarangane.
Warung ini diprakarsai juragan Yoja Yogurt mbakyu Endah Palupi bersama juragan Toko Bothok. Mbakyu Endah iki sakngertiku kancane temene pakpuh Fajar Nugroho & Kang Israr Ardiansyah B. Piyantune Alumni Gadjah Mada. Yoghurt digabung dengan toko bothok, plus omah lawasan dadinya toko bothok angkring. Ora nyambung, ya? ... nek kanggoku sih ora kudu nyambung, sing penting madhyang wareg.
Ben dina madhyang nang kene ketoke ora jeleh. Amarga saben ndina variasi menune ganti. Dadi nek ya gelem wae. ..
Lokasi :
Toko Bothok Angkring
Cash only · Cosy · Casual
Jl. Karawitan No.III, Sanggrahan, Ngestiharjo, Kasihan, Bantul, Daerah Istimewa Yogyakarta 55184
58PQ+W5 Kasihan, Bantul Regency, Special Region of Yogyakarta
0857-4355-5312
OpenHour: 11AM–11PM
https://goo.gl/maps/WMzwBrbQ4zK2